Selasa, 14 Januari 2020

GAMELAN


Sumber: kabare.id

Ringkesan

Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang . Tumrape wong urip, gamelan kena kanggo niteni wewatekane menungsa. Karepe, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa-pangrasane menungsa mau nalika ngrasakake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing .

Gamelan duwe melodhi kang magis utawa nduwe daya supranatural, mula swarane gamelan diarani melodi utawa wirama perkusi kang magis.Pagelarangamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahane Music of Java, Jaap Kunstnerangake yen gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan iline banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.

Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan lumrahe kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, joged, uyon-uyon. Jinise laras ing gamelan ana loro ya iku laras pelog lan laras slendro. Saben set gamelan duwe instrumen kanggo laras pelog lan slendro.

Ricikan utawa jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limasan werna, kayata: bonang panerus, bonang barung, kempul lan gong, kenong, slenthem, gender panerus, gender barung, demung, saron panerus, saron barung (1), saron barung (2), gambang, kethuk lan kempyang, rebab, sarta kendhang .


Sumber; wikipedia , Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3

Matur nuwun 🙏




16 komentar: