Rabu, 15 Januari 2020

CRITA RAKYAT

Gambar via google.com


A. Crita Rakyat 

Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.

Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

√ Titikane crita rakyat 

  1. Panyebarane kanthi lesan
  2. Duweni sipat tradhisional
  3. Sugih cakrik lan variasi
  4. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit) 
  5. Wangune tiron (klise) anda ing susunan utawa cara pangungkapane

√  Unsur crita rakyat 

  1. Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca.
  2. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.
  3. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. 
  4. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. 
  5. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wog kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. 
  6. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.


√   Wujude crita rakyat ana telu golongan;

  1. Mitos : yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit. 
  2. Legendha : yaiku crita kang dianggap bener-bener kedadeyan, biasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. 
  3. Dongeng : yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. 
B.  Tuladhane Crita Rakyat 
  1. Bawang merah Bawang putih 
    Gambar via google.com
  2. Rorojonggrang
    Gambar via google.com
  3. Malin Kundang 
    Gambar via google.com
  4. Lutung kasarung lan Purbasari
    Gambar via google.com


Sumber: Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2


Matur nuwun 🙏

7 komentar: