Kamis, 16 Januari 2020

WAYANG

Pitutur Luhur ing Crita Wayang
Gambar via google.com



      Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa.

A. Maca lan nanggapi teks wayang

 Gatekna pethilan teks wayang ngisor iki!


Dewi Kunthi

      Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Madura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.

(crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 92-94)

Shinta Kadhusta

      Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.

      Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warangan mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumaludhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

(crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 95-96)


B. Nemokake tuntunan ing teks wayang

      Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nengenake paseduluran.

      Dene tuntunan ing teks wayang Shinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi janji, sarta setya.

C. Mbedhah perangane teks wayang

      Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih lan tresna, semana uga wateg paraga Shinta.

D. Nulis sinopsis wayang

      Urut-urutane nulis sinopsis

Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis.
Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting.
Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dicathet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline.
Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
Ringkesan/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.


sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

3 komentar: